Hai semua disini saya akan memberitahukan tentang tema puisi bahasa jawa, jangan salah gini – gini saya orang jawa loh.... langsung aja yuk baca puisi ku...
wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
genea kok ngiris atiku?
ronggowarsita lan aristoteles
yasadipura lan sokrates
padha dene pujangga linuhung
padha dene pujangga kang agung
yen kok semak buku filsafat
yen kok semak ilmu masyarakat
mung ana siji keblat
kang ajine ora mekakat
kang gawe ati ngrantas
awit mung aristoteles lan sokrates
sinebut sinobya ukara
rinoncen kembang maneka
ronggawarsita
yasadipura
awit apa basa jawa
kang ora bisa diwaca?
awit apa mung basa latin
kang ora bisa anuntun batin?
wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
genea kok ngiris atiku?
kecubung ungu ing taman kutha
iki kahanan kang nembe teka
apa sliramu bakal wuda
melu-melu ngumbar dhadha?
wiwawite lesmbadhonge
tabik-tabik sunan kali
kita ngadeg ing grumbul srengenge
kita wani ndudah ati?
Layangmu tak tompo wingi kuwi
wis tak woco opo karepe atimu
trenyuh ati iki moco tulisanmu
ra kroso netes peluh nang pipiku
umpomo tanganku dadi swiwi
iki ugo aku mesti enggal bali
neng kepiye maneh margo kahananku
cah ayu entenono tekaku
ra maido sopo wonge ora kangen
adoh bojo pengen turu angel merem
ra maido sopo wonge ora trenyuh ra kepetuk sak wentoro pengen weruh
percoyo aku kuatno atimu
cah ayu entenono tekaku
Ra kelingan tho
kapan dewe delok2 an maning?
Kowe lungo ra ono nuwun sewu, ora ninggal layang
Ra ono ambung2 an
Ora ngerti aku urip ning endhi
Inyong duwe ati pait-pait bae
kalo motho mbelolok lan abot ning ndas
Ning orang kelingan tha? RA KELINGAN??
Ngopo koe tresna inyong?
Babi, Eruhke meneh tho yo
Kapan koe ngeruhke aku nduk?
Opo aku wis mbok ilangke seko ndhas mu?
Aku padahal meh ngilang-ngilanke lho
Luwih aku, lungo aku ngerti (opotho?)
Inyong duwe ati pait-pait bae
kalo motho mbelolok lan abot ning ndas
Ning orang kelingan tha? RA KELINGAN??
Ngopo koe tresna inyong?
Babi, Eruhke meneh tho yo
Nyong menehi jarak ben iso ambegan
njuk ora cedhak-cedhak ben iso plesir
Lan nyuwun paring Gusti nek koe nemu nyonge
Terus gowo bali maning
Hahaha jangan ketawa ya sobat,,,, bahasa jawa yang tidak tahu pasti terdengar aneeh,,, tapi ga pa2 lah,, buat pembelajaran dan pengetahuan baru gitu,,, memperbanyak bahasa yang ada di indonesia itu bagus sobat. Semoga artikel ini bermanfaat buat yang membacanya.